Sirno musnoh kamardikan
dibelenggu kalawan wong kang menang
Sirno musnoh kabebasan
dibatesi kalawan panguasan
Sirno musnoh ketentreman
dikisruh wong kang gawe rusuh
Sirno musnoh anggone nduweni dunyo lan bondo
dioyak-oyak wong kang kemilikan
Sirno musnoh anggone nentokake pilihan
dipekso kalawan pimpinan
Sirno musnoh derajate manungso
kalah kalawan anggone golek panguripan
Wis ora ono kamardikan
kajobo perintah sing nguntungake
wong kang menang
Wis ora ono kabebasan
kajobo ukum lan aturan
sing makmurake panguasan
Wis ora ono pilihan
kajobo peksoan
sing nduwurake lungguhane pimpinan
ridwan 22 Desember 1998 sby
Posting Komentar